Minggu, 01 Agustus 2021

 


                                         SYAWALAN PAGUYUBAN SENI SEKAR MACAPAT                              “MULYA LARAS”  RW XIII MALANGAN


Text Box: Mulya Laras Malangan

Sekretariat : RT39/ RW 13 Kampung Malangan UH VII/ 505   Giwangan, Umbulharjo, Kota Yogyakarta

 


No           :      / PSSMML /06/2020                                                                           Ngayogyakarta, 25 Juni 2020                                                      

Hal         :  Undangan

 

 

Katur Panjenenganipun :

Bp/ Sdr.  ________________________

ing Dalem

 

 

Sedaya Puji Pangalembana Konjuk Wonten Ngarsa Dalem Alloh SWT Gustining Alam Sawegung. Mugi Sholawat Salam Gusti Tansah Kaparingaken Dhateng Junjungan Kita, Mustikaning Jagad : Nabi Muhammad SAW Pangarsa Agami Agung Adiluhung. Kepareng Kanthi Handhaping Manah, Kita Hamawantu Rawuhipun Penjenengan Ing Adicara Ingkang InsyaAllah Badhe Kalaksanakaken Benjang :

Dinten   : Selasa Pahing (Malem Rebo Pon), 30 Juni 2020

Wanci      : Jam  20:00 WIB  -  Paripurna   

Papan     : TK BUNAYYA  RT 39 Malangan

Saperlu   : Acara Syawalan  &  Gladhen Lelangen Macapatan

Mekaten, Saestu Rawuh Penjenengan Badhe Handayani Lan Nambahi Bombonging Manah Kita. Lan Awit Keparengipun Rawuh, Kita Sakulawarga Paguyuban Ngaturaken Agunging Matur Nuwun. Mugi Gusti Alloh Tansah Paring Berkah - Wilujeng Dhateng kita  Ing Samudayanipun. Aamiin.

 

        Ketua,                                                                                         Sekretaris,

M. Shofwan. S.Sos                                                                            Iin Solikhin

___________________________________

NB : Kasuwun ngagem  rasukan (pakaian) adat Jawi : Blangkon + Surjan + Jarik/ Sarung/ Celana Panjang. Nuwun.


----------------------------------------------------------------------------------------------------------------



وَسَارِعُوٓا۟ إِلَىٰ مَغْفِرَةٍ  مِّن  رَّبِّكُمْ  وَجَنَّةٍ  عَرْضُهَا  السَّمٰوٰتُ  وَالْأَرْضُ  أُعِدَّتْ  لِلْمُتَّقِينَ   ﴿١٣٣﴾

“Dan bersegeralah kamu kepada ampunan dari Tuhanmu dan kepada surga yang luasnya seluas langit dan bumi yang disediakan untuk orang-orang yang bertakwa,”

 الَّذِينَ  يُنفِقُونَ  فِى  السَّرَّآءِ  وَالضَّرَّآءِ  وَالْكٰظِمِينَ  الْغَيْظَ  وَالْعَافِينَ  عَنِ  النَّاسِ  وَاللّٰـهُ  يُحِبُّ  الْمُحْسِنِينَ   ﴿١٣٤﴾

“(yaitu) orang-orang yang menafkahkan (hartanya), baik di waktu lapang maupun sempit, dan orang-orang yang menahan amarahnya dan memaafkan (kesalahan) orang. Allah menyukai orang-orang yang berbuat kebajikan.”

 

PUPUH SINOM

(Terjemah Surat Ali Imron ayat 133 – 134)

 

 

Ali 'Imron Ayat 133 :

Sekar Sinom Dadya S'rana,

Terange Kalam Ilaahi,

Surat Ali 'Imron Ayat,

Satus Telu Telu (133) Dugi

Satus Telu Papat (134) Ki :

"Sira Ge-Age Tumuju

Ing Pangapura Lan S'warga

Kang Gumelar S'langit Bumi

Den Cawiske Kanggo Wong Taqwa (Bekti) Sanyata".

 

 

Ali 'Imron Ayat 134 :

Wong Kang Taqwa Nggih Punika :

(1) Wong Kang Infaq Nyodakohi,

Ing Kahanan Sempit-Longgar,

(2) Uga Wong Kang Ngendhaleni,

Ing Duka Nesu Dhiri,

(3) Sarta Wong Bebudhen Luhur,

Kang Ngapura Ing Sepadha (manungsa),

Gusti Alloh Tresna (remen) Yekti,

Tresna Marang Wong Kang Tumindak Utama.

 

----------------------------------------

Surat Ali Imron ayat  133 – 134 :

 

“Dan bersegeralah kamu kepada ampunan dari Tuhanmu dan kepada surga yang luasnya seluas langit dan bumi yang disediakan untuk orang-orang yang bertakwa,”

 

“(yaitu) orang-orang yang menafkahkan (hartanya), baik di waktu lapang maupun sempit, dan orang-orang yang menahan amarahnya dan memaafkan (kesalahan) orang. Allah menyukai orang-orang yang berbuat kebajikan.”




----------------------------------------------------------------------------------------------------------------

TEKS IKRAR SYAWALAN (KANOMAN) :

 

Assalaamu’alaikum Wr. Wb.

 

Para Bapak/ Sedherek kula sedaya ingkang sami kempal nyawiji ing papan punika ingkang winantu Kabagyan. Nglenggana bilih kula lan panjenengan temtu anggadhahi kalepatan dhateng sesami, pramila nyarengi wulan ingkang sae punika, keparenga kula amakili para kadang kanoman matur dhateng Penjenengan minangka kadang kasepuhan :

 

1.      Ngaturaken sembah pangabekti kula minangka kadang kanoman dhumateng kadang kasepuhan. Sinartan ngaturaken Sugeng Riyadi 1 Syawwal warsa 1441 Hijriyah.

 

2.      Salajenipun, kanthi tulus ikhlasing manah, kula nyuwun pangapunten awit sedaya kalepatan ingkang tumandhuk dhateng Penjenengan. Sae ingkang kula sengaja punapa dene ingkang mboten kula sengaja. Mugi-mugi saged linebur/ kalebur ing wekdal sae punika. Mekaten ugi kalepatan Penjenengan ingkang tumandhuk dhateng kula, kanthi ikhlasing manah kula inggih nyaosi pangapunten dhateng Penjenengan. InsyaAllah Kanthi mekaten  saestu kula lan Penjenengan sampun wangsul dhateng fitrah kados dene bayi ingkang nembe lahir. Aamiin.

 

3.      Mugi-mugi Gusti Alloh kersa nampi ngamal ngibadah puasa kula lan Penjenengan sedaya, lan kersa nampi ikrar kita menika. Aamiin.

 

4.      Ingkang pungkasan, kula lan sedaya kadang kanoman tansah nyenyadong nyuwun ziyadah donga pangestu saking Penjenengan minangka kadang Sepuh, mugi - mugi Gusti Alloh SWT tansah ngijabahi panyuwun kula/ Penjenengan, saged hasil kasembadan. Aamiin.  

 

5.      Lan mugi-mugi Gusti Alloh tansah ngluberaken rohmat berkahi pun, karahayon, Kabagyan, katentreman, kabagaswarasan, miwah kawilujengan dhateng kita sedaya. Aamiin Yaa Robbal 'alamiin.

 

Maturnuwun, cekap semanten atur kula, minangka badal wakil saking kadang kanoman. Nuwun.

 

Wassalamu’alaiakum Wr. Wb.



 ----------------------------------------------------------------------------------------------------------------

 

IKRAR SYAWALAN

Sinawung Sekar Macapat

 

KADANG KANOMAN :

Kinanthi

 

1.      Keparenga kula matur

Para rawuh kakung putri

Kula piniji minangka

Kadang anem amakili

Ing kalenggahan Syawalan

Malangan papane riki

 

 

2.      Salam ta'dzim mugi katur

Miwah sembah pangabekti

Ngaturaken kalepatan

Lahir tumadhesing batin

Pangajab amal ibadah

Puasanya dipun tampi

 

KADANG SEPUH :

Kinanthi

 

1.      Hamakili kadang sepuh

Salam ta'dzim dhawah sami

S'daya ujub lekasira

Mugi Gusti ngijabahi

Ngapura dosa lepatnya

Ing Dina Riyadin Suci

 

2.      Mungkasi atur pra sepuh

Kanthi donga lan pamuji

Konjuk Kang Maha Kawasa

Antuka pituduh yekti

Laku drengki tinebihna

Nggayuh marang kautaman

 

 

SARENG - SARENG :

 

Dhandhanggula

Aamiin Aamiin Yaa Robbal 'alamiin

Mugi Alloh paringa ijabah

Sedaya panyuwune

Sagung ingkang tinuju

Alloh (Gusti) Tansah Hanyembadani

Ingkang Asih lan Mirah

Mring kawulanipun

Kang samya anggung manembah

Dhateng Paduka Gusti kula ngabekti

Rahayu Kang pinanggya



----------------------------------------------------------------------------------------------------------------


TEKS IKRAR SYAWALAN (KASEPUHAN) :

 

Assalaamu’alaikum Wr. Wb.

 

Para Bapak/ Sedherek kula sedaya ingkang sami kempal nyawiji ing papan punika ingkang winantu Kabagyan ingkang kula tresnani. Keparenga kula amakili para kadang kasepuhan caos jawaban/ tanggap atur,  aturipun  Bp/ Mas ………   kala wau minangka wakil saking kadang kanoman :

 

1.      Ngaturaken sih katresnan saha donga pangestu dhateng sampean minangka kadang kanoman. Ugi sinartan ngaturaken Sugeng Riyadi 1 Syawwal warsa 1441 Hijriyah.

 

2.      Salajenipun, temtu kanthi tulus ikhlasing manah ugi, kula nyuwun pangapunten awit sedaya kalepatan ingkang tumandhuk dhateng Penjenengan. Sae ingkang dipun sengaja punapa dene ingkang mboten dipun sengaja. Mekaten ugi kalepatan penjenengan ingkang tumandhuk dhateng kula, kanthi ikhlasing manah kula inggih nyaosi/ maringi pangapunten dhateng Penjenengan. Mugi-mugi sedaya kalepatan saged linebur ing wekdal sae punika. Satemah  InsyaAllah saestu kula lan Penjenengan saged wangsul dhateng fitrah kados dene bayi ingkang nembe lahir. Aamiin.

 

3.      Mugi-mugi Gusti Alloh kersa nampi ngamal ngibadah puasa kula lan Penjenengan sedaya, lan kersa nampi ikrar kita menika. Aamiin.

 

4.      Ingkang pungkasan, kula lan sedaya kadang kasepuhan tansah nyaosi/ maringi donga pangestu dhateng sedherek kadang kanoman, mugi - mugi Gusti Alloh SWT tansah nyembadani panyuwun kula/ Penjenengan,  Aamiin.  Lan mugi-mugi Gusti Alloh tansah ngluberaken rohmat berkahi pun, karahayon, Kabagyan, katentreman, kabagaswarasan, miwah kawilujengan dhateng kita sedaya. Aamiin Yaa Robbal 'alamiin.

 

Maturnuwun, cekap semanten atur kula, minangka badal wakil saking kadang kasepuhan. Nuwun.

 

Wassalamu’alaiakum Wr. Wb.

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar