![]()
![]()
No : / PSSMML /06/2020 Ngayogyakarta, 25 Juni
2020
Hal :
Undangan
Katur Panjenenganipun :
Bp/ Sdr. ________________________
ing Dalem
![]()
Sedaya Puji
Pangalembana Konjuk Wonten Ngarsa Dalem Alloh SWT Gustining Alam Sawegung. Mugi
Sholawat Salam Gusti Tansah Kaparingaken Dhateng Junjungan Kita, Mustikaning
Jagad : Nabi Muhammad SAW Pangarsa Agami Agung Adiluhung. Kepareng Kanthi
Handhaping Manah, Kita Hamawantu
Rawuhipun Penjenengan Ing Adicara
Ingkang InsyaAllah Badhe Kalaksanakaken Benjang :
Dinten : Selasa Pahing (Malem Rebo Pon), 30 Juni 2020
Wanci : Jam 20:00 WIB - Paripurna
Papan : TK BUNAYYA RT 39 Malangan
Saperlu : Acara Syawalan &
Gladhen Lelangen Macapatan
Mekaten, Saestu Rawuh Penjenengan Badhe Handayani Lan Nambahi
Bombonging Manah Kita. Lan Awit Keparengipun Rawuh, Kita Sakulawarga Paguyuban Ngaturaken Agunging
Matur Nuwun. Mugi Gusti Alloh Tansah Paring Berkah - Wilujeng Dhateng kita Ing Samudayanipun. Aamiin.
![]()
Ketua,
Sekretaris,
M. Shofwan. S.Sos
Iin
Solikhin
___________________________________
NB : Kasuwun ngagem rasukan (pakaian) adat Jawi : Blangkon +
Surjan + Jarik/ Sarung/ Celana Panjang. Nuwun.
----------------------------------------------------------------------------------------------------------------
وَسَارِعُوٓا۟ إِلَىٰ
مَغْفِرَةٍ مِّن رَّبِّكُمْ
وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا السَّمٰوٰتُ
وَالْأَرْضُ أُعِدَّتْ لِلْمُتَّقِينَ ﴿١٣٣﴾
“Dan
bersegeralah kamu kepada ampunan dari Tuhanmu dan kepada surga yang luasnya
seluas langit dan bumi yang disediakan untuk orang-orang yang bertakwa,”
الَّذِينَ يُنفِقُونَ
فِى السَّرَّآءِ وَالضَّرَّآءِ وَالْكٰظِمِينَ الْغَيْظَ
وَالْعَافِينَ عَنِ النَّاسِ
وَاللّٰـهُ يُحِبُّ الْمُحْسِنِينَ ﴿١٣٤﴾
“(yaitu)
orang-orang yang menafkahkan (hartanya), baik di waktu lapang maupun sempit,
dan orang-orang yang menahan amarahnya dan memaafkan (kesalahan) orang. Allah
menyukai orang-orang yang berbuat kebajikan.”
PUPUH SINOM
(Terjemah Surat Ali Imron ayat 133 – 134)
Ali 'Imron
Ayat 133 :
Sekar Sinom Dadya S'rana,
Terange Kalam Ilaahi,
Surat Ali 'Imron Ayat,
Satus Telu Telu (133) Dugi
Satus Telu Papat (134) Ki :
"Sira Ge-Age Tumuju
Ing Pangapura Lan S'warga
Kang Gumelar S'langit Bumi
Den Cawiske Kanggo Wong Taqwa
(Bekti) Sanyata".
Ali 'Imron
Ayat 134 :
Wong Kang Taqwa Nggih Punika :
(1) Wong Kang Infaq Nyodakohi,
Ing Kahanan Sempit-Longgar,
(2) Uga Wong Kang Ngendhaleni,
Ing Duka Nesu Dhiri,
(3) Sarta Wong Bebudhen Luhur,
Kang Ngapura Ing Sepadha
(manungsa),
Gusti Alloh Tresna (remen)
Yekti,
Tresna Marang Wong Kang Tumindak
Utama.
----------------------------------------
Surat Ali
Imron ayat 133 – 134 :
“Dan bersegeralah kamu kepada ampunan dari Tuhanmu dan kepada surga
yang luasnya seluas langit dan bumi yang disediakan untuk orang-orang yang
bertakwa,”
“(yaitu) orang-orang yang menafkahkan (hartanya), baik di waktu lapang
maupun sempit, dan orang-orang yang menahan amarahnya dan memaafkan (kesalahan)
orang. Allah menyukai orang-orang yang berbuat kebajikan.”
----------------------------------------------------------------------------------------------------------------
TEKS IKRAR SYAWALAN (KANOMAN) :
Assalaamu’alaikum Wr. Wb.
Para Bapak/ Sedherek kula sedaya ingkang sami kempal nyawiji ing papan
punika ingkang winantu Kabagyan. Nglenggana bilih kula lan panjenengan temtu
anggadhahi kalepatan dhateng sesami, pramila nyarengi wulan ingkang sae punika,
keparenga kula amakili para kadang kanoman matur dhateng Penjenengan minangka
kadang kasepuhan :
1.
Ngaturaken sembah pangabekti kula minangka
kadang kanoman dhumateng kadang kasepuhan. Sinartan ngaturaken Sugeng Riyadi 1
Syawwal warsa 1441 Hijriyah.
2.
Salajenipun, kanthi tulus ikhlasing manah,
kula nyuwun pangapunten awit sedaya kalepatan ingkang tumandhuk dhateng
Penjenengan. Sae ingkang kula sengaja punapa dene ingkang mboten kula sengaja.
Mugi-mugi saged linebur/ kalebur ing wekdal sae punika. Mekaten ugi kalepatan
Penjenengan ingkang tumandhuk dhateng kula, kanthi ikhlasing manah kula inggih
nyaosi pangapunten dhateng Penjenengan. InsyaAllah Kanthi mekaten saestu kula lan Penjenengan sampun wangsul
dhateng fitrah kados dene bayi ingkang nembe lahir. Aamiin.
3.
Mugi-mugi Gusti Alloh kersa nampi ngamal
ngibadah puasa kula lan Penjenengan sedaya, lan kersa nampi ikrar kita menika.
Aamiin.
4.
Ingkang pungkasan, kula lan sedaya kadang
kanoman tansah nyenyadong nyuwun ziyadah donga pangestu saking Penjenengan
minangka kadang Sepuh, mugi - mugi Gusti Alloh SWT tansah ngijabahi panyuwun
kula/ Penjenengan, saged hasil kasembadan. Aamiin.
5.
Lan mugi-mugi Gusti Alloh tansah
ngluberaken rohmat berkahi pun, karahayon, Kabagyan, katentreman, kabagaswarasan,
miwah kawilujengan dhateng kita sedaya. Aamiin Yaa Robbal 'alamiin.
Maturnuwun, cekap semanten atur kula, minangka badal wakil saking
kadang kanoman. Nuwun.
Wassalamu’alaiakum Wr. Wb.
----------------------------------------------------------------------------------------------------------------
IKRAR SYAWALAN
Sinawung Sekar Macapat
KADANG
KANOMAN :
|
Kinanthi |
|
|
1.
Keparenga kula matur Para rawuh kakung putri Kula piniji minangka Kadang anem amakili Ing kalenggahan Syawalan Malangan papane riki
|
2.
Salam ta'dzim mugi katur Miwah sembah pangabekti Ngaturaken kalepatan Lahir tumadhesing batin Pangajab amal ibadah Puasanya dipun tampi |
KADANG
SEPUH :
|
Kinanthi |
|
|
1.
Hamakili kadang sepuh Salam ta'dzim dhawah sami S'daya ujub lekasira Mugi Gusti ngijabahi Ngapura dosa lepatnya Ing Dina Riyadin Suci |
2.
Mungkasi atur pra sepuh Kanthi donga lan pamuji Konjuk Kang Maha Kawasa Antuka pituduh yekti Laku drengki tinebihna Nggayuh marang kautaman
|
SARENG - SARENG :
|
Dhandhanggula |
|
Aamiin Aamiin Yaa
Robbal 'alamiin Mugi Alloh paringa
ijabah Sedaya panyuwune Sagung ingkang tinuju Alloh (Gusti) Tansah
Hanyembadani Ingkang Asih lan Mirah Mring kawulanipun Kang samya anggung
manembah Dhateng Paduka Gusti
kula ngabekti Rahayu Kang pinanggya |
----------------------------------------------------------------------------------------------------------------
TEKS IKRAR SYAWALAN (KASEPUHAN) :
Assalaamu’alaikum Wr. Wb.
Para Bapak/ Sedherek kula sedaya ingkang sami kempal nyawiji ing papan
punika ingkang winantu Kabagyan ingkang kula tresnani. Keparenga kula amakili
para kadang kasepuhan caos jawaban/ tanggap atur, aturipun
Bp/ Mas ……… kala wau minangka
wakil saking kadang kanoman :
1.
Ngaturaken sih katresnan
saha donga pangestu dhateng sampean minangka kadang kanoman. Ugi sinartan
ngaturaken Sugeng Riyadi 1 Syawwal warsa 1441 Hijriyah.
2.
Salajenipun, temtu kanthi tulus ikhlasing
manah ugi, kula nyuwun pangapunten awit sedaya kalepatan ingkang tumandhuk
dhateng Penjenengan. Sae ingkang dipun sengaja punapa dene ingkang mboten dipun
sengaja. Mekaten ugi kalepatan penjenengan ingkang tumandhuk dhateng kula,
kanthi ikhlasing manah kula inggih nyaosi/ maringi pangapunten dhateng Penjenengan.
Mugi-mugi sedaya kalepatan saged linebur ing wekdal sae punika. Satemah InsyaAllah saestu kula lan Penjenengan saged
wangsul dhateng fitrah kados dene bayi ingkang nembe lahir. Aamiin.
3.
Mugi-mugi Gusti Alloh kersa nampi ngamal
ngibadah puasa kula lan Penjenengan sedaya, lan kersa nampi ikrar kita menika.
Aamiin.
4.
Ingkang pungkasan, kula lan sedaya kadang
kasepuhan tansah nyaosi/ maringi donga pangestu dhateng sedherek kadang kanoman,
mugi - mugi Gusti Alloh SWT tansah nyembadani panyuwun kula/ Penjenengan, Aamiin. Lan mugi-mugi Gusti Alloh tansah ngluberaken
rohmat berkahi pun, karahayon, Kabagyan, katentreman, kabagaswarasan, miwah
kawilujengan dhateng kita sedaya. Aamiin Yaa Robbal 'alamiin.
Maturnuwun, cekap semanten atur kula, minangka badal wakil saking
kadang kasepuhan. Nuwun.
Wassalamu’alaiakum Wr. Wb.
