Senin, 27 April 2020

DOWNLOAD LAGU JAWA ISLAMI




LAGU : SHOLAWAT QASHIDAH CAMPURSARI




Pada kesempatan kali ini, kami mencoba menyajikan satu suguhan untuk penjenengan semua. Berupa suguhan music etnic campursai bernuansa islami. Monggo langsung saja Download lagunya. Semoga bermanfaat

1. LIR-ILIR SASTRA GENDHING | Download
    (Pambuka Macapat Dandhanggula dening Bp. Siswata - Giwangan)

2. AYO MACA SHOLAWAT (PRAHU LAYAR) | Download
    (Pambuka Macapat Gambuh dening Ingsun Sholihin - Giwangan)

3. SHOLAWAT NARIYAH  | Download
    (Pambuka Macapat Pangkur dening Moch. Marzuqi - Sragen)

4. ISTIGHFAR NGAPURA  | Download
    (Pambuka Macapat Sinom dening Mbah Kakung - Bantul)

5. MAULID GUSTI KANJENG NABI  | Download
    (Pambuka Macapat Sinom dening Bayu UNNES - Semarang)


Paguyuban Macapat Mulya Laras




1 - DANDANGGULA
(Panyuwun Hamba)
Dening : Bp. Siswata - Giwangan.

Lumaraping Sarkara puniki,
Mangga sareng nyenyuwun lan donga,
Kanthi manglungken janggane,
Gusti Kang Maha Agung,
Paringa pangayoman yekti,
Wabah Covid sangalas,
Ingkang dipun suwun,
Mugi enggala kabirat,
Ingkang dados memalaning jagad niki,
Mugi Gusti ngabulna.

DHAWAH LAGU :
LIR - ILIR SASTRAGENDING
(Lampahing Ummat Titis Jangkep Sinerat).




2 - GAMBUH

Maos Sholawat Iku
Dhawuh Saking Gusti Alloh Tuhu
Quran Surat Al-Ahzab Jo Nganti Lali
Ayat Seket Nem Puniku
Mangga Sholawat Denwaos.

DHAWAH LAGU :
AYO MACA SHOLAWAT
Gubahan Lagu Cipt. Ki Narto Sabdo

Ayo Kanca Padha Sholawat,
Memuji Kanjeng Nabi Muhammad,
Ayo Kanca Maca Sholawat Muga Tembene Antuk Syafaat,

Saking Nabi Kang Pungkasan, Yaa Muhammad Rosulullah,
Ayoo Ayoo Ayoo... Mumpung bisa polah,
Rina - wengi Padha Amemuji,
Aja Lali Yooo...! Nyembah Mring Gusti,
Gusti Alloh Kang Murbeng Dumadi,
Ingkang Gawe Saisining Jagad,
Wiwit Ana Ndunya Nganti Tekan Akhirat.




Maguwo Banthengan, 28 April 2020
ingsun sholihin

Senin, 30 Maret 2020

SABDA TAMA RAJA NGAYOGYAKATA (NGADHEPI CORONA)


SABDA TAMA RAJA ING MADYANING SENGKALA  WABAH VIRUS COVID-19 (CORONA) : 

Teks Pidato Lengkap Sultan ‘Sapa Aruh’ Warga DIY Hadapi Corona




Raja Kraton Yogyakarta sekaligus Gubernur  DIY, Sri Sultan HB X menyapa masyarakat Jogja - DIY di Bangsal Kepatihan, Senin (23/3/2020) siang. Sultan mengajak masyarakat untuk eling lan waspada menghadapi pandemi Virus Corona yang sudah sampai di Yogyakarta. Berikut isi lengkap pidato Sri Sultan HB X dalam acara Sapa aruh warga DIY. Pidato disampaikan dalam versi bahasa Jawa.




Assalammualaikum wr. wb.
Mugi Gusti Allah tansah paring berkah tumraping kita sadaya,
Para warga Ngayogyakarta, uga anak-anakku kang lagi sinau ing omah,
para sedulur kabeh wae,

Ingsun, Hamengku Buwono, ing dina kang kebak was-was lan tidha-tidha iki, nyuwun para warga sami ndedonga konjuk ing ngarsaning Gusti Allah, mugi kita saged enggal kaparingan pepadhang. Ing tanggap darurat awit saka sumebaring virus corona iki, kudu diadhepi kanthi sabar-tawakal, tulus-ikhlas, pasrah lahir-batin, lan kairing ikhtiyar kang tanpa kendhat. Semono uga, kita, kang kajibah ngesuhi para kawula. “Wong sabar rejekine jembar, Ngalah urip luwih berkah”.

Beda karo prastawa lindhu gedhe taun 2006 kang kasat-mata. Saiki, kang aran virus corona iku yen lumebu ing badan kita ora bisa karasa lan tekane uga ora kanyana-nyana. Kita kabeh kudu bisa njaga sehat, laku prihatin, lan uga wajib ngecakake aturan baku saka sumber resmi pamarentah kang wis diumumke ing masarakat. “Gusti paring dalan kanggo sapa wae gelem ndalan”.

Mula pamundhutku, sing padha eling lan waspada. Eling marang Kang Gawe Agesang kanthi “lampah” ratri, zikir wengi, nyuwun pangaksami lan pangayomane Gusti. Waspada kanthi reresik diri lan lingkungane dewe-dewe. Nek krasa kurang sehat kudu ngerti lan narima yen wajib “mengisolasi diri” pribadi sajrone 14 dina. Jaga pribadi. Jaga keluwarga. Jaga paseduluran. Jaga masarakat. Kanthi jaga, rada ngadohi kumpul-kumpul bebarengan yen pancen ora wigati tenan. Bisa uga kita rumangsa sehat, ning ora ana kang bisa mesthekake yen kita bener sehat. Malah bisa uga nggawa bibit lelara. “Datan serik lamun ketaman, datan susah lamun kelangan”. Pamundhutku mung saklimah: ”Sing ngati-ati!”

Mung kita bisa atur pangajab nyuwun kalis ing bebaya lan tulak-sarik, lan uga bisaa tinebihna saka memala kang luwih gede sanggane tumraping kita manungsa.
Pamujiku: “Sehat, sehat, sehat!”. Mugi Gusti Allah ngijabahi. Rahayu kang pinanggih. Aamiin.
Nuwun. Wassalamualaikum wr. wb.

KARATON NGAYOGYAKARTA HADININGRAT,
Senin Pon, 23 Maret 2020, 28 Rejeb taun Wawu 1953
HAMENGKU BUWONO  X



Demikian, maklumat dan sapa Raja Jogja. Semoga bisa menjadi perhatian kita semua. Jogja Istimewa, Jogja Sehat Aman Sentausa Sejahtera.... Aamiin.


Maguwo Banthengan, Banguntapan, Bantul.
30 Maret 2020 M/ 07 Ruwah - Sya'ban 14441 H
Ingsun Sholihin