Sabtu, 03 Februari 2018

SINAHU KITAB AL-QURAN

MACAPAT SURAOSIPUN SURAT AL-BAQOROH
(AYAT 01 - 17)

Dening : Ingsun Sholihin


MIJIL (surasane Surat Al Baqoroh 1 - 10)

Wus kacetha ing Al-Qur’an yekti
Surat Al-Baqoroh
Ayat siji lan loro jarwane
ALIF LAM MIM pangandikan Gusti
Tan ana kang ngerti
Mung Alloh satuhu

Kitab iki Al-Qur’an kang nami
Saking Gusti Alloh
Kang nora ana keraguane
Kang dadi pituduh wong muttaqin
Tegese muttaqin
Wong kang taqwa tuhu

Titikane “Muttaqin” puniki
Mungguh Kitabulloh
Wong kang iman (percaya) ing barang Ghoibe
Uga jumenengke sholat wajib
Sedekah tan lali
Kanggo tanda syukur

Lajengipun tandane Muttaqin
Dimen sami ngertos
Iman marang Al-Quran (kitab) Nabine (: Muhammad)
Iman marang kitab kang kawuri
Uga ngeyakini
Mring (dina) akhirat tuhu

Mangkana wong kang mulya sayekti (muttaqin yekti)
Lahir klawan batos
Tansah antuk pituduh (hidayah) Gustine
Tansah tumindak prakara becik  
Ingkang den arani  
Wong begja saestu  

Dene ayat nenem nJarwani
Wong “Kafir” sayektos
Temen wong kang kafir padha wahe
Den tuturi pora den tuturi
Patrape mung siji
Bakal mlengos (ingkar) tuhu

Gusti Alloh yekti tansah ngunci
Mring wong Kafir yektos
Ngunci Ati, Kuping, Peningale
Datan bisa nampi “Nur Ilahi”
Mung bakal anampi
Siksa perih iku (estu)

Ayat wolu mbabar wong “Munafiq”
Lelaku kang awon
Seperangan manungsa ngucapke
Kita iman Gusti (lan) Ri Akhir
Kamangka ing batin
Nora iman tuhu

Tumindakke wong Munafiq kuwi
Nyidra dhateng (Gusti) Alloh
Uga nyidra mring wong wong mukmine
Sejatine wong Munafiq rugi
Nyidra ing pribadi (marang dhiri)
Tan keraos estu

Ing sajroning ati wong Munafik
Ana lara batos
Gusti Alloh nambahi sakite (larane)
Bakal nampa “adzab”  (siksa)  ingkang perih
Amarga ngapusi
Kapitunan getun


MASKUMAMBANG (surasane Surat Al Baqoroh 11 – 16)

Nalikane wong Munafik dituturi :
“Aja Gawe Rusak ...! “
Si Munafik gage mangsuli :
“Kita kuwi nora ngrusak !”  (Gawe Tama)

Eling –eling  wong kang Munafik yekti
Ingkang gawe bubrah (rusak)
Ana ngalam ndonya iki
Nanging Munafik tan sadar

Tatkalane wong Munafik didhawuhi
”Sira percayaha ... ! (imanana )
Kaya dene wong wong Mukmin”
Wong Munafik malah (gage) njawab ...

“Apa kita kudu percaya (ngimani) sayekti,
Kaya wong kang edan ?!”  (kurang akal)
Kang edan kang tan ngimani
Nanging Munafik tan Pana (awas)

Kalawanci Munafik ketemu Mukmin
Wong Munafik kandha :
“Kita Uwis iman Yekti !”
Iku Hamung Lamis nyata

Rikalane wong Munafik sowan (kumpul) pemimpin. (pemimpin = syaithoni)
Wong Munafik Blaka :
“Kita bareng tan Ngimani
Kita amung gegojegan” (geguyonan)

Gusti Alloh mBales gojegke Munafik
Uga tan angrumat 
Jroning laku kang mbingungi
Ing laku sengsara sesat

Wong Munafik sasat tuku “Sasar” yekti
“Pituduh” Bayarnya (ijolnya)
Doltinuku kang tan Bathi
Tundhone tan antuk warah

(Bersambung,...)