KIDUNG
SARIRA AYU
(KIDUNG
RUMEKSA ING WENGI)
Karya
Sunan Kalijaga
Sebagai Awalan perkenalan dengan dunia Macapat, Perkenankan Kami sajikan tembang kondang dari dunia macapat karya Susuhunan kita, Sunan Kalijaga yang terkenal dengan nama "Kidung Sarira Ayu" . Kidung ini sudah
terkenal sampai pelosok Nusantara. Di desa, kidung ini sering dinyanyikan saat
pertunjukan ketoprak, wayang kulit, dan lain lain. Inti laku pembacaan Kidung
Rumekso Ing Wengi ini adalah agar kita senantiasa terhindar dari malapetaka.
Dengan demikian kita dituntut untuk senantiasa berbakti, beriman dan taqwa
kepada Allah SWT. Adapun fungsi secara eksplisit “bi idznillaah“ tersuratnya antara lain:
1. Penyembuh segala macam
penyakit.
2. Pembebas pageblug
bencana
3. Mempercepat jodoh bagi
perawan tua, dsb.
4. Penolak bala’ yang
datang di malam hari.
5. Menang dalam perang
6. Memperlancar cita-cita
luhur.
Semua atas izin dan kehendak Allah SWT.
Wallahu A’lam Bis Showab. Di bawah ini adalah bait tembangnya. Sumonggo disimak........................
Ana
kidung rumeksa ing wengi
Teguh
hayu luputa ing Lara
Luput
ing bilahi kabeh
Jin
syetan datan purun
Paneluhan
tan ana wani
Miwah
panggawe ala
Gunaning
wong luput
Geni
atemahan tirta
Maling
adoh tan ana ngarah ing mami
Guna
duduk pan sirna
Sakehing
lara pan samya bali
Sakeh
ngama pan sami miruda
Welas
asih pandulune
Sakehing
braja luput
Kadi
kapuk tibaning wesi
Sakehing
wisa tawa
Sato
galak tutut
Kayu
aeng lemah sangar
Songing
landhak guwaning mong lemah miring
Myang
pakipuning merak
Pagupakaning
warak sakalir
Nadyan
arca myang segara asat
Temahan
rahayu kabeh
Apan
sarira ayu
Ingideran
kang widadari
Rineksa
malaekat
Sakathahing
Rasul
Pan
dadi sarira Tunggal
Ati
Adam Utekku Baginda Esis
Pangucapku
ya Musa
Napasku
Nabi Ngisa linuwih
Nabi
Yaqub Pamiyarsaningwang
Yusup
ing rupaku mangke
Nabi
Dawud Suwaraku
Jeng
Suleman kasekten mami
Nabi
Ibrahim nyawaku
Idris
ing Rambutku
Baginda
Ngali kulitingwang
Abu
Bakar Getih Ngumar daging singgih
Balung
Baginda Ngusman
Sungsumingsun
Patimah linuwih
Siti
Aminah Bayuning Angga
Ayub
ing Ususku mangke
Nabi
Nuh ing Jejantung
Nabi
Yunus ing Otot mami
Netraku
ya Muhammad
Pamuluku
Rasul
Pinayungan
Adam syarak
Sampun
pepak sakatahe para Nabi
dadya
sarira Tunggal.
Wiji
sawiji mulane dadi
Pencar
dumadi isining jagad
Kasamadan
dening Dzate
Kang
maca kang angrungu
Kang
anurat kang anyimpeni
Dadi
ayuning Jasad
Kinarya
sesembur
sira
wacakna ing toya
kinarya
dus rara tuwa aglis laki
Wong
edan dadi waras
Lamun
ana wong kang abanda kaki,
Myang
kadhendha lan kabotan utang
Miwah
wong alara reke
Wacanen
tengah ndalu
Ping
selawe wetenging singgih
Luwar
ingkang binandha
Kang
dinenda wurung
Sadosane
ing ngapura
Ingkang
utang sinauran myang Hyang Widhi
Kang
agring dadi waras
Lamun
ora bisa maca kaki
Sinempeno
kinaryo 'azimat
Teguh
ayu panemune
Yen
binekto angluruk
Mungsuh
ira datan udani
Luput
sanjata uwa
Iku
sawabipun
Sabarang
pakaryanira
Pan
rineksa dening hyang kang maha suci
Sakersaning
tinekan
Lamun
arsa tulus nandur pari
puwasaa
sawengi sadina,
Iderana
gelengane
Wacanen
kidung iku
Datan
ana ama kang prapti
Yen
sira lunga perang
Wateken
ing sekul
Antuka
tigang pulukan
Kang
amangan rineksa dening Hyang Widhi
Rahayu
ing payudan
Sing
sapa reke bisa nglakoni
Amutiya
lawan anawaa
Patang
puluh dina wae
Lan
tangi wektu subuh
Lan
den sabar sukuring ati
Insya
Allah tinekan
Sakarsanireku
Tumrap
sanak rakyatira
Saking
sawabing ngelmu pangiket mami
Duk
aneng Kalijaga.
(Serat
Kidungan Warna-warni, Surakarta, Boedi Oetomo, 1919)
PEPALI
KI AGENG SELA
PEPALIKU AJINEN MBERKATI
TUR SELAMET SARTA KUWARASAN
PEPALI IKU MANGKENE :
AJA AGAWE ANGKUH
AJA LADAK LAN AJA JAIL
AJA ATI SERAKAH
LAN AJA CELIMUT
LAN AJA MBURU ALEMAN
AJA LADAK, WONG LADAK PAN GELIS MATI
LAN AJA ATI NGIWA
