Kamis, 16 April 2015

KIDUNG SARIRA AYU



KIDUNG SARIRA AYU
(KIDUNG RUMEKSA ING WENGI)
Karya Sunan Kalijaga

Sebagai Awalan perkenalan dengan dunia Macapat, Perkenankan Kami sajikan tembang kondang dari dunia macapat karya Susuhunan kita, Sunan Kalijaga yang terkenal dengan nama "Kidung Sarira Ayu" . Kidung  ini sudah terkenal sampai pelosok Nusantara. Di desa, kidung ini sering dinyanyikan saat pertunjukan ketoprak, wayang kulit, dan lain lain. Inti laku pembacaan Kidung Rumekso Ing Wengi ini adalah agar kita senantiasa terhindar dari malapetaka. Dengan demikian kita dituntut untuk senantiasa berbakti, beriman dan taqwa kepada Allah SWT. Adapun fungsi secara eksplisit “bi idznillaah“ tersuratnya antara lain:

1. Penyembuh segala macam penyakit.
2. Pembebas pageblug bencana
3. Mempercepat jodoh bagi perawan tua, dsb.
4. Penolak bala’ yang datang di malam hari.
5. Menang dalam perang
6. Memperlancar cita-cita luhur.

Semua atas izin dan kehendak Allah SWT. Wallahu A’lam Bis Showab. Di bawah ini adalah bait tembangnya. Sumonggo disimak........................


Ana kidung rumeksa ing wengi
Teguh hayu luputa ing Lara
Luput ing bilahi kabeh
Jin syetan datan purun
Paneluhan tan ana wani
Miwah panggawe ala
Gunaning wong luput
Geni atemahan tirta
Maling adoh tan ana ngarah ing mami
Guna duduk pan sirna


Sakehing lara pan samya bali
Sakeh ngama pan sami miruda
Welas asih pandulune
Sakehing braja luput
Kadi kapuk tibaning wesi
Sakehing wisa tawa
Sato galak tutut
Kayu aeng lemah sangar
Songing landhak guwaning mong lemah miring
Myang pakipuning merak


Pagupakaning warak sakalir
Nadyan arca myang segara asat
Temahan rahayu kabeh
Apan sarira ayu
Ingideran kang widadari
Rineksa malaekat
Sakathahing Rasul
Pan dadi sarira Tunggal
Ati Adam Utekku Baginda Esis
Pangucapku ya Musa

Napasku Nabi Ngisa linuwih
Nabi Yaqub Pamiyarsaningwang
Yusup ing rupaku mangke
Nabi Dawud Suwaraku
Jeng Suleman kasekten mami
Nabi Ibrahim nyawaku
Idris ing Rambutku
Baginda Ngali kulitingwang
Abu Bakar Getih Ngumar daging singgih
Balung Baginda Ngusman

Sungsumingsun Patimah linuwih
Siti Aminah Bayuning Angga
Ayub ing Ususku mangke
Nabi Nuh ing Jejantung
Nabi Yunus ing Otot mami
Netraku ya Muhammad
Pamuluku Rasul
Pinayungan Adam syarak
Sampun pepak sakatahe para Nabi
dadya sarira Tunggal.



Wiji sawiji mulane dadi
Pencar dumadi isining jagad
Kasamadan dening Dzate
Kang maca kang angrungu
Kang anurat kang anyimpeni
Dadi ayuning Jasad
Kinarya sesembur
sira wacakna ing toya
kinarya dus rara tuwa aglis laki
Wong edan dadi waras

Lamun ana wong kang abanda kaki,
Myang kadhendha lan kabotan utang
Miwah wong alara reke
Wacanen tengah ndalu
Ping selawe wetenging singgih
Luwar ingkang binandha
Kang dinenda wurung
Sadosane ing ngapura
Ingkang utang sinauran myang Hyang Widhi
Kang agring dadi waras



Lamun ora bisa maca kaki
Sinempeno kinaryo 'azimat
Teguh ayu panemune
Yen binekto angluruk
Mungsuh ira datan udani
Luput sanjata uwa
Iku sawabipun
Sabarang pakaryanira
Pan rineksa dening hyang kang maha suci
Sakersaning tinekan

Lamun arsa tulus nandur pari
puwasaa sawengi sadina,
Iderana gelengane
Wacanen kidung iku
Datan ana ama kang prapti
Yen sira lunga perang
Wateken ing sekul
Antuka tigang pulukan
Kang amangan rineksa dening Hyang Widhi
Rahayu ing payudan


Sing sapa reke bisa nglakoni
Amutiya lawan anawaa
Patang puluh dina wae
Lan tangi wektu subuh
Lan den sabar sukuring ati
Insya Allah tinekan
Sakarsanireku
Tumrap sanak rakyatira
Saking sawabing ngelmu pangiket mami
Duk aneng Kalijaga.

(Serat Kidungan Warna-warni, Surakarta, Boedi Oetomo, 1919)

PEPALI KI AGENG SELA

PEPALIKU AJINEN MBERKATI
TUR SELAMET SARTA KUWARASAN
PEPALI IKU MANGKENE :
AJA AGAWE ANGKUH
AJA LADAK LAN AJA JAIL
AJA ATI SERAKAH
LAN AJA CELIMUT
LAN AJA MBURU ALEMAN
AJA LADAK, WONG LADAK PAN GELIS MATI
LAN AJA ATI NGIWA

Tidak ada komentar:

Posting Komentar