Minggu, 15 Oktober 2017

MACAPAT PEPELING SHOLAT

MACAPAT “PEPELING SHOLAT”

“…Minangka Mengeti Prastawa Agung : 
Isro’ Mi’roj Nabi Muhammad SAW  
Ing Malem 27 Wulan Rejeb…”

Perangan 1
Dening : Ingsun Sholihin



MASKUMAMBANG

Para kadang kakung sumawana putri
Keparenga kula
Aturaken pepenget gati
Ing bab sholat, gya gatekna

Kapethik Saking Al-Quran Lan Al-Hadits
Rinacik ing kitab
Kang aran “Targhib Wa Tarhib”
Mengku printah lan larangan

Gusti Alloh dhawuh : temen sholat iki
Kapantha wekdalnya
Dadi kwajiban wong mukmin
Awit shubuh dugi ngisyak.

MIJIL

Gusti Alloh nDawuh kita sami :
Jumenengna yektos
Sholat kuwi lan bayar zakate
Lan rukuk  a  sertane “Rokingin”
Tegese Rokingin
Wong kang padha rukuk

Dhawuh Gusti : sholat iku yekti
Nyegah dosa loro
Nyegah saking “Fahsyak” lan mungkare
Fahsyak iku tumindak kang keji
Dene mungkar kuwi
Tumindak kang lacut

Samya njaga sholat ira kaki
Ugo sholat wustho
Lan jumeneng marang pengerane
Klawan khusyuk ikhlas ati yekti
Iku den arani
Qonitin satuhu

Apa teges sholat Wustho kuwi ?
Dimen samya ngertos
Hadits Nabi cetho nerangake
Ugo atur Tafsir Ibnu Katsir
Sholat wustho kuwi yekti
Sholat ngasar tuhu.
SINOM

Sekar sinom dadya srana
Terangane hadits Nabi
Kuncine mlebu suwarga
Nora ana liya kaki
Kajaba sholat yekti
Kang dadi kwajiban tuhu
Shubuh luhur lan ngasar
Maghrib ngisyak den lakoni
Aja lali sholat sunnah mrih sampurna

Sholat sunnah warna – warna
Conthone sholat Rowatib
Rolas rokangat den reksa :
(utawi : rolas rokangat jumlahnya)
Rong rokangat den lakoni
Sadurung shubuh yekti
Pat rokangat arep luhur
Rong rokangat bakdanya
Rong rokangat bakda maghrib
Rong rokangat bakda ngisyak ampun lerwa (Lena)

Kawitane perkara kang
Den priksani dening Gusti
Iku ngamal sholat ira
Yen ngamal sholate becik
Kabeh ngamal den tampi
Gusti nganggep sae tuhu
Nanging yen sholat ira
Iku kurang lan tan becik
Gusti Alloh nganggep kabeh ngamal muspra.


KINANTHI

Faedahe sholat iku :
(1) nJalari berkahing urip
(2) Siksa kubure den angkat
(3) Nampi kitab ngamal becik
(4) Ngewot shirot kadya kilat
(5) Tanpa hisab mlebu swargi

Padha gulangen ing qolbu
Kasebut ing hadits Nabi
“Targhib wa Tarhib” kitabnya
Sapa ninggal sholat wajib
Bakal nampa Molas (15) siksa
Dunya – kubur – akhirotii

Siksa ndunya enem iku :
(1) Umur – rizqi tan berkahi
(2) Cahya (wajah) sholeh bakal sirna
(3) Ngamal tan ginanjar yekti
(4) Tan oleh donga wong “sholah”
(5) Donga muspra – (6) mati kafir

Kala sakarotul maut
Nampi telu siksa ugi :
(1) Ina nalikani nazak
(2) Mati ngelak kang  sayekti
(3) Mati kanthi ngelih uga
“Su’ul khotimah”  kang nami

Siksane ing alam kubur
Warna telu kang den tampi :
(1) Luang kubur sempit nyata
Nggepit ngremuk balung iki
(2) Peteng ndhedhet kuburanya
(3) Den siksa dugi Ri Akhir

Siksane terus lan terus
Tumeka akhirat yekti
(1) Den krincung pra malaikat
(2) Gusti Alloh tan melasi
(3) Tan ngapura gage nyiksa
Siksa perih N’raka kuwi

Wusnya jangkep ing panutur
Limolas siksa kang mesthi
Tumama mring pra kawula
Kang anyeja lan nggegampil
Ninggal sholat wajib ira
Muga dadya penget yekti

Resepna sajroning qolbu
Pangandikan kanjeng Nabi
Sholat ngamal kang utama
Ala becik ngamal yekti
Gumantung sholate sira
Mula ayo sholat sami…!

Kepiye to sholat iku ?
Dimen khusyuk lan den tampi ?
: Nabi sholat tan kesesa
Waosane alon “Tartil”
Rukuk – sujud tumakninah
Purna sholat donga dzikir

Nabi muhammad gya dhawuh
Sholat cagakke agami
Sapa nindakake sholat
Iku nJejegke agami
Dene kang ninggalke sholat
Iku ngrubuhke agami.

ASMARADANA

Sabda dhawuh kanjeng Nabi
Ana hadits kang pratela
Malaikat Jibril gage
Sowan mring  Nabi Muhammad
Ngasta hawuhe Pengeran
Kang isi ancaman tuhu
Tumrap wong kang ninggal sholat

Duh... Muhammad kang kinasih
Gusti alloh temen nyata
Datan nampa ngamal kabeh
Ngamale wong (kang) ninggal sholat
Posone lan zakatnya
Infaq, sedekah, hajimu
Muspra lan nora den tampa

Wong kang ninggal sholat yekti
Den laknat ing kitab Tau-rat
Injil, Zabur, lan Qur’ane
Sewu laknat lan pasiksa
Tumurun saben dina
Malaikat langit pitu
Uga nglaknat wong ra sholat

Yaa Muhammad Yaa Habibii..
Bacute dhawuh menika
Wong kang ninggal ing sholate
Tan pikantuk kesaenan
Lan syafangate Musthofa
Lan ora kalebu tuhu
Ing ummat iro muhammad

Wong kang nilar sholat kuwi,
Aja ditiliki yen lara
Aja ngiring jenazahe
Aja den uluki salam
Aja ngancani sira
Ing wong nilar sholat wau
Iku dhawuh Gustinira.


GAMBUH

Wong ninggal sholat iku
Kawastan “Taarikus Sholah”  tuhu
Taarik tegese : wong nyeja ninggal yekti
As-Sholah yo sholatipun
Mangkono basa kang maton

Wong ninggal sholat iku
Kaya Ra nduwe agama tuhu
Tan antuk amanah (barokah) lan rohmate Gusti
Kumpul bareng munafiqun
Ing N’raka manggone asor

Yen nilar sholat tuhu
Pasiksane den tikelke estu
Ing dina qiyamat den krincung sayekti
Malaikat terus nggebug
Ngukum wong kang sholat kopong
(utawi Ngukum wong kang laku awon)

Hukuman terusipun
Wong kang nilar sholat bakal getun
Den cekoki omben banyu nanah yekti
Kahanane nanah wau
Umep,  banjur ngajak omong

He.. wong kang kufur estu ...!
Gusti Alloh Nglaknat sira tuhu
Sira urip (mangan) saking rejekine Gusti
Nanging sira datan nggugu
Nora syukur maring Alloh.


DANDHANGGULA

Dhuh.. Muhammad kekasihing Gusti
Yen wong ra sholat iku lelungan
Nora den jogo Gustine
Ing jroning lunga wau
Pancabaya godha tan ngerti
Wong kang nilar sholat
Den laknat satuhu
Jroning urip lan sakwusnya
Rikala seda  tan  klebu ummat Nabi
Datan antuk syafangat

Kanjeng Nabi ngendika ing hadits :
Luwih utamane ngamal ira
(1)  Sholat tepat ing wektune
(2) Lan ngabekti  tyang sepuh
(3) Uga jihad bela agami
Yen sholat wektu awal
Antuk nikmat tuhu
Yen sholat tengah mangsa
Antuk rohmat, dene yen sholate akhir
Mung antuk pangapuran.

________________________

*Dening : Ingsun Sholihin
  Kapethik saking maneka sumber, antawisipun :

  • Kitab Targhib wa Tarhib
  • Kitab Jami’us Shohih Imam Bukhori & Muslim
  • Kitab Mukhtarul Ahadisah An-Nabawiyyah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar