Senin, 30 Maret 2020

SABDA TAMA RAJA NGAYOGYAKATA (NGADHEPI CORONA)


SABDA TAMA RAJA ING MADYANING SENGKALA  WABAH VIRUS COVID-19 (CORONA) : 

Teks Pidato Lengkap Sultan ‘Sapa Aruh’ Warga DIY Hadapi Corona




Raja Kraton Yogyakarta sekaligus Gubernur  DIY, Sri Sultan HB X menyapa masyarakat Jogja - DIY di Bangsal Kepatihan, Senin (23/3/2020) siang. Sultan mengajak masyarakat untuk eling lan waspada menghadapi pandemi Virus Corona yang sudah sampai di Yogyakarta. Berikut isi lengkap pidato Sri Sultan HB X dalam acara Sapa aruh warga DIY. Pidato disampaikan dalam versi bahasa Jawa.




Assalammualaikum wr. wb.
Mugi Gusti Allah tansah paring berkah tumraping kita sadaya,
Para warga Ngayogyakarta, uga anak-anakku kang lagi sinau ing omah,
para sedulur kabeh wae,

Ingsun, Hamengku Buwono, ing dina kang kebak was-was lan tidha-tidha iki, nyuwun para warga sami ndedonga konjuk ing ngarsaning Gusti Allah, mugi kita saged enggal kaparingan pepadhang. Ing tanggap darurat awit saka sumebaring virus corona iki, kudu diadhepi kanthi sabar-tawakal, tulus-ikhlas, pasrah lahir-batin, lan kairing ikhtiyar kang tanpa kendhat. Semono uga, kita, kang kajibah ngesuhi para kawula. “Wong sabar rejekine jembar, Ngalah urip luwih berkah”.

Beda karo prastawa lindhu gedhe taun 2006 kang kasat-mata. Saiki, kang aran virus corona iku yen lumebu ing badan kita ora bisa karasa lan tekane uga ora kanyana-nyana. Kita kabeh kudu bisa njaga sehat, laku prihatin, lan uga wajib ngecakake aturan baku saka sumber resmi pamarentah kang wis diumumke ing masarakat. “Gusti paring dalan kanggo sapa wae gelem ndalan”.

Mula pamundhutku, sing padha eling lan waspada. Eling marang Kang Gawe Agesang kanthi “lampah” ratri, zikir wengi, nyuwun pangaksami lan pangayomane Gusti. Waspada kanthi reresik diri lan lingkungane dewe-dewe. Nek krasa kurang sehat kudu ngerti lan narima yen wajib “mengisolasi diri” pribadi sajrone 14 dina. Jaga pribadi. Jaga keluwarga. Jaga paseduluran. Jaga masarakat. Kanthi jaga, rada ngadohi kumpul-kumpul bebarengan yen pancen ora wigati tenan. Bisa uga kita rumangsa sehat, ning ora ana kang bisa mesthekake yen kita bener sehat. Malah bisa uga nggawa bibit lelara. “Datan serik lamun ketaman, datan susah lamun kelangan”. Pamundhutku mung saklimah: ”Sing ngati-ati!”

Mung kita bisa atur pangajab nyuwun kalis ing bebaya lan tulak-sarik, lan uga bisaa tinebihna saka memala kang luwih gede sanggane tumraping kita manungsa.
Pamujiku: “Sehat, sehat, sehat!”. Mugi Gusti Allah ngijabahi. Rahayu kang pinanggih. Aamiin.
Nuwun. Wassalamualaikum wr. wb.

KARATON NGAYOGYAKARTA HADININGRAT,
Senin Pon, 23 Maret 2020, 28 Rejeb taun Wawu 1953
HAMENGKU BUWONO  X



Demikian, maklumat dan sapa Raja Jogja. Semoga bisa menjadi perhatian kita semua. Jogja Istimewa, Jogja Sehat Aman Sentausa Sejahtera.... Aamiin.


Maguwo Banthengan, Banguntapan, Bantul.
30 Maret 2020 M/ 07 Ruwah - Sya'ban 14441 H
Ingsun Sholihin

1 komentar:

  1. Casinos in the UK - How to find good games - GrizzGo
    So, what do we mean 바카라 사이트 by “casinos in the UK”? to find nba매니아 a febcasino.com casino and live casino games gri-go.com on a mobile phone https://septcasino.com/review/merit-casino/ device in 2021.

    BalasHapus